Tampilkan postingan dengan label bahasa daerah. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label bahasa daerah. Tampilkan semua postingan

Kamis, 26 Februari 2015

Cerito Nganggo Basa Jawa Jaka Tarub

0



Nama         : Khusnul ika rahmawati
Noabsen    : 14
Kelas          : 7A

JAKA TARUB

Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.
Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih.
Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.
Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.

Kamis, 12 Februari 2015

Cirita Cekak Bahasa Jawa

0



Kancil Karo Monyet

Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane Monyet.
Ing sawijining dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi asik karo rotine. Utek licike muncul pingin jukut roti kang tangane Monyet.
"Nyet..Nyet..," undnag Kancil marang Monyet.
Monyet maringi Kancil, "Ana apa Cil? Keo ngundang aku?," takon Monyet.
Kancil : "Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke Kancil
Monyet : "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku,"
Kancil : "Suwun ya Nyet... koe mancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil.
Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "Kiye... koe paro sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Monyet, bagean sing gede dicekel dewek.
"Cil... nang ngapa ka gede gone ko?," takon Monyet.
Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik rotine sing gecel dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet.
Monyet : "urung Cil!! kue esih gede gone aku,"
Kancil njiot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti rotine entek dipangan Kancil. hihihihi
Ahire Kancil mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo Kancil wong Monyet sing duweni roti malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kue kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip pada karepe dewe-dewe.

Sabtu, 04 Oktober 2014

KI HAJAR DEWANTARA

0



     Ki Hajar Dewantara kuwi sawijining pelopor pendhidhikan kanggo kaum pribumi Indonesia ing zaman penjajahan Walanda.
      Lair nalika tanggal 2 Mei 1889, kanthi asma Raden Mas Suwardi Suryaningrat, Ki Hajar Dewantara ngadegake perguruan Taman Siswa sing menehi kesempatan marang pribumi supaya bisa oleh pendhidhikan kayadene priyayi utawa wong-wong Walanda.
Ki Hajar Dewantara kagungan tulisan sing misuwur yakuwi “ Yen Aku Wong Landa ” (irah-irahan asli: Als ik eens Nederlander was ), kang isine protes marang Walanda, dipacak ing surat kabar de Express duweke Dr. Douwes Dekker taun 1913. Artikel iki ditulis jroning konteks rencana pamarentah Walanda ngumpulke sumbangan saka Hindia Walanda (Indonesia), sing wektu kuwi isih durung mardika, kanggo prayaan kamardikan Walanda saka Prancis.
Amarga tulisan iku Walanda nesu. Ki Hajar Dewantara banjur arep dibuwang ing Pulau Bangka (saking permintaan Ki Hajar Dewantara). Nanging, Douwes Dekker lan Cipto Mangunkusuma ora setuju. Amarga iku, Ki Hajar Dewantara, Douwes Dekker lan Cipto Mangunkusuma langsung dibuang ing negara Walanda.
Ki Hajar Dewantara kagungan semboyan ingkang misuwur, yaiku :Ing Ngarsa Sung Tuladha kang tegese pemimpin bisa dadi patuladhan sing becik tumrap andhahane, Ing Madya Mangun Karsa Pemimpin bisa paring pituduh, panemu, wawasan, supaya sing dipimpin bisa nindakake jejibahan kanthi becik, Tut Wuri Handayani. Pemimpin bisa ngawat-awati, paring panyengkuyung supaya sing dipimpin gumregah nindakake jejibahan.
Ki Hajar Dewantara séda tangggal 26 April 1959 lan disarèkaké ing Wijayabrata, désa Mlati, Sleman, Yogyakarta. Tanggal lairé, 2 Mei, sabanjuré didadèkaké Dina Pendhidhikan Nasional ing Indonesia. Ki Hajar Dewantara dikenal minangka Bapak Pendhidhikan Indonesia lan pasuryané bisa dideleng ing dhuwit kertas pecahan Rp 20.000 taun emisi 1998. Ki Hajar Dewantara sing asmane nalika timur R.M. Suwardi Suryadiningrat, dilairake ing Yogyakarta nalika tanggal 2 Mei 1889. Sawise lulus ELS (Sekolah Dasar Walanda) banjur nerusake menyang STOVIA ing Jakarta. Marga saka kahanan, Ki Hajar Dewantara ora nutug ing STOVIA. Sabanjure nyambut  gawe dadi wartawan.
Nalika tanggal 25 Desember 1912, Ki Hajar Dewantara bebarengan karo Douwes Dekker lan dr. Cipto Mangunkusuma ngedegake perkumpulan Indische Partij. Perkumpulan sing gegayuhane mbudi amrih bangsa Indonesia bisa uwal saka penjajah Walanda.
Amarga gegayuhane sing luhur iku, penjajah Walanda ora seneng. Mulane Ki Hajar Dewantara dipidana kanthi dibuwang menyang Negara Walanda.
Dhasar priyayi kang luhur bebudine lan madhep mantep anggone mbelani nusa lan bangsa, sanajan ana ing Negara manca, wektune digunakake kanggo ngangsu kaweruh babagan pendidikan. Sawise kondur menyang Indonesia, Ki Hajar Dewantara gedhe kawigatenen kanggo majuning pendidikan. Tanggal 3 Juli 1992, Ki Hajar Dewantara  ngedegake pawiyatan Taman Siswa.
Sawise Indonesia merdeka, Ki Hajar Dewantara dadi Menteri Pendidikan Pengajaran dan kebudayaan kang kapisan. Uga dianugrahi minangka “Bapak Pendidikan Nasional”. Sesantine Pendidikan sing kondhang nganti saiki yaiku “Tut  Wuri Handayani”. Tanggal 28 April 1959, Ki Hajar Dewantara seda, disarekake ana ing Yogyakarta. Kanggo jasane menyang nusa lan bangsa, dina wiyose yaiku tanggal 2 Mei dipengeti minangka “Hari Pendidikan Nasional”.